Pages

Rabu, 10 Februari 2010

ANALISIS UNSUR CERKAK


ALUR

a. Pengenalan

Kinodrat dadi wong cilik ya kudu trima. Arep ora trima ya arep ngapa?! Malah nambahi susahe ati. Saben dina nggresula ya mung gawe ruweting piker. Luwih becik nambahi rasa syukur.

b. Tuwuh Gesehing Panemu / Konflik

Bubar iku Pak Kaum ndonga, diamini kabeh sing padha rawuh. Rampung ndonga berkat kenduri enggal diedum. Paraga kang kajiban enggal ngetokake jatah. Nanging ana bab kang agawe cingake atiku. Sing tak enteni kendhurine mesthi sega kaya biyasane. Wong wis dakjagakake kanggo mangan bengi karo bojoku. Nanging pandugaku jebul kleru. Wengi kuwi kendhurine dudu kendhuri sega nanging kendhuri apem.

c. Pol-polane Konflik (Klimaks)

Bubar kendhuri tuwuh rasa cuwa kacampuran gela. Piye olehe ora gela. Karepe arep ngirit ora adang sega, kendhurine jebul kendhuri apem. Kamangka weteng iki wis kadung ngelih ngintir-intir. Ora cukup yen diganjel nganggo kue apem. Wong wis dadi pakulinane wong jawa kaya aku iki, yen ora mangan sega rasane ya durung marem. Ning kepiye maneh, tekan ngomah jatah kendhuri kue apem kuwi enggal tak pasrahake marang sisihanku sing banget tak tresnani.

d. Sumbere geseh wiwit mudhun

“ Wis Pakne, ora susah gela. Saiki apem iki dienggo gantine sega. Ayo iki dipangan karo sambel?!”

“Mosok enak bune? Ana apem kok dipangan karo sambel?!”

“Iki lho, dicoba dhisik. Ngerti sepisan panjenengan mesthi kurang.” Kandane bojoku karo ndulitake kue apem ana sambel sing diwadhahi lepek.

e. Kerampungan

Wengi kuwi aku ngadani “Pesta” cilik-cilikan. Dudu pesta sing mewah, nanging pesta mangan kue apem dilalapi sambel. Sidane ya entek. Kaya ngene rasane dadi wong ora duwe. Karepe arep ngirit ora adang sega, jebul mung entuk kendhuren apem.

PARAGA / TOKOH

Paraga crita cekak Kendhuri Apem yaiku:

1. Pakne

Watakipun:

a. Tresna marang keluarga:

- Tresna narang bune:

Tekan ngomah jatah kendhuri kue apem kuwi enggal tak pasrahake marang sisihanku sing banget taktresnani kuwi.

“Iki Bune, ndang dipangan,” kandhaku.

- Tresna marang anakke:

“Bocah-bocah wis padha mangan durung?”

b. Sabar lan nrima marang pepari-Nge Gusti Alloh:

1. Kinodrat dadi wong cilik ya kudu trima. Arep ora trima ya arep ngapa?! Malah nambahi susahe ati.

2. Mula aku ya tansah mbudidaya supaya tansah suka syukur lan matur nuwun kabeh kenikmatan sing wis daktampa.

3. Awak lungkrah ora takrasa. Kaya ngono kuwi pakaryanku saben dina dad wis dudu bab anyar maneh. Jejere wong pidak pedarakan ya kudu tansah taberi makarya. Tekan ngomah, biyunge Bima lagi reresik latar omah.

4. Nadyan gela ning ora kena protes. Mosok ingatase kendhurenan wae ndadak nganggo protes mbarang. Mula aku karo biyunge Bima ya kudu latihan sabar maneh. Sabar ngampet luwe.

5. Nadyan rada gela wetenge sidane wareg. Ning wengine aku tetep ora bisa turu. Weteng iki durung marem yen durung kebon sega sepiring munjung. Kaya ngene rasane dadi wong ora duwe. Karepe arep ngirit ora adang sega, jebul mung entuk kendhuri apem.

2. Bune

Watakipun:

a. Sabar lan nrima marang pepari-Nge Gusti Alloh:

- Karepku ngene Pakne, manut slenthang-slenthing warta sing tak rungu, Pak Dhe Juwandi kidul kono mengko mbengi arep nganakne kendhuri. Lha tinimbang sega kendhuri mubazir, luwih becik ora susah ngliwet wae Pakne.

- “Wis Pakne, ora susah gela. Saiki apem iki dienggo gantine sega. Ayo iki dipangan karo sambek?!”

b. Tresna marang kluarga:

1. Tresna marang anake:

Sega sing kari sethithik kae kareben dipangan Bima karo Rafi.

2. Tresna marang Pakne:

“Ya. Mengko taksambelne sing puedheeeessss banget. Aja khawatir, Pakne.

SETTING

1. Setting = Teng omahe Pakne lan Bune.

“Pakne temenan engko bengi sampean diundang kendhuri ana daleme Pak Juwandi”. Kandane Biyunge Bima semangat.

“Jam pira Bune?”

“Kaya biyasane jam setengah wolu, wis kana gek endang siram.”

“Bocah-bocah wis padha mangan durung?”

Wis Pakne”.

“Sambele ya wis digawe?”

“Aja khawatir Pakne, sambele wis siyap wiwit jam papat mau. Mengko bubar kendhuri bisa dienggo lalap”.

“Ya wis aku tak adis dhisik”.

Tekan ngomah jatah kendhuri kue apem kuwi enggal tak pasrahake marang sisihanku sing banget tak tresnani.

“Iki bune, ndang dipangan”. Kandhaku.

2. Teng omahe Pak Juwandi.

Tekan daleme Pak Juwandi wis ana wong siji, loro sing teka. Beda karo yen nekani undangan liya adate yen teka ana kendhuri kaya ngene iki wong-wong padha seneng teka “tepat waktu”.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar