Pages

Rabu, 10 Februari 2010

DEMAM BERDARAH


ISI

Demam berdarah niku berbahaya. Nopo malih pasien-pasien ing rumah sakit utawi puskesmas. Pasien DB menika kudu mondhok, supados saged diperiksa lewih detail malih. Pasien DB akeh akehe isih umur-umuran bocah. Pasien sing ora mondhok ora bisa mesthekake, amarga pasien sing ora mondhok durung mesthi kena lelara DB. Bisa uga pasien iku nduweni penyakit liya.
Mundhaking pasien kang nandhang DB iku bisa disebabke amarga swasana sing ora bisa kanggo pathokan lan sarwa ora ajeg, utawi kadang panas lan kadang adem. Pasien sing isih umur-umuran bocah (bayi) iku disebabaken pasien-pasien iku pancen durung nduweni daya sing ngungkuli dayaning wong tuwa.
Tanda-tanda bocah lelara demam berdarah iku antara liya awak panas rong dina nganti limang dina, kang dibarengi watuk, pilek, lan lemes ora duwe daya, greget utawa semangat. Kejaba saka iku uga ana tandha-tandha kaya tilas dicokoti lemud ing saranduning awak.

PURWAKA

Musim pancaroba iku nyebabake penyakit antara liyane yaiku penyakit kulit, pilek, panas, watuk lan salah satunggalipun yaiku demam berdarah.
Demam berdarah yaiku penyakit kang disebabake dening lemud Aedes Aegypti (Virus saking Genus Flavivirus). Penyakit menika saged nyerang sapa bae enten bocah enom, wong tuwa, nganti bocah bayi. Ingkang lewih parah penyakit menika yen ora ditangani cepet-cepet saged nyebabake pasien tiwas.
Mula ing kesempatan iki kita badhe njlentrehake babagan demam berdarah.

SURASA
A. Penularan
Penyakit demam berdarah yaiku penyakit ingkang mirip malaria. Penyakit menika disebabake dening lemud Aedes Aegypti. Lemud sing kathah manggon ing papan kang jember lan kotor. Demam berdarah ditularake ngangge cokotanipun lemud. Wong kang nandhang demam berdarah iku disebabake amarga suasana sing mboten saged patokan lan sarwa mboten ajeg utawi kadang panas lan kadang adem.
Pasien sing isih umur-umurane bocah (bayi) iku disebabake bocah iku pancen dereng nduweni daya sing ngungkuli dayaning wong tuwa utawa tesih lemah
B. Tanda-tanda
Tanda-tanda bocah ketaman lelara demam berdarah iku antara liya awak panas udakara rong ndina nganti limang ndina kang dibarengi watuk, pilek lan lemes ora nduweni daya, greget utawa semangat. Kajaba saka iku yga ana tanda-tanda kaya tilas dicokoti lemud ing saranduning awak.



C. Pencegahan
Pasien demam berdarah becike enggal-enggal digawa menyang rumah sakit supaya ora ngalami shock kang ndadekake kadadeyan kang ora nyenengake (tiwas).
Dene upaya sing paling trep kanggo nyegah amrih bisa ngurangi pangrembakaring lelara demam berdarah yaiku:
1. Waspada marang munculing pratanda lelara.
2. Nglakokake kebiasaan sing becik kayata makan makanan kang bergizi, olah raga kang rutin, lan istirahat kang cukup.
3. Mbrantas susuh lemud sing akeh manggon ing papan kang jember. Kanthi 3M:
o Menguras bak mandi
o Menutup wadah kangge nampung banyu, lan
o Mengubur barang-barang kang mboten kangge.
Cara kasebut bisa mbrantas perkembangan sarang lemud.
4. Fogging utawa pengasapan mung bisa matekake lemud kang gedhe-gedhe, lan bubuk abate bisa matekake susuh lemud nang banyu.
5. Enggal menehi obat turun panas kangge demam.
6. Menawa nemoni bocah kang mratandani lelara demam berdarah becike enggal-enggal digawa menyang rumah sakit utawane puskesmas.

WASANA

Menawi demam berdarah iku berbahaya, wong kang nandang demam berdarah menawi mboten enggal dipriksaake bakal dados ngalami kedadeyan kang ora nyenengake mula menawa nemoni bocah utawa sapa bae kang mratandani lelara demam berdarah becike enggal-enggal digawa menyang rumah sakit utawane puskesmas supados diperiksa semestine saengga bisa mari.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar